Apa Gak Isin Karo Korea?

Pesta pambuka Asian Games 2018 (18/8/2018) neng Jakarta gawe mongkok lan rame. Nanging ana sing ora kalah rame, yakuwi komentare netizen! Ana sing ngalem, ana uga sing nyinyir. Apa gak isin karo Korea sisih Lor lan kidul sing gegandhengan tangan?

Kanggo para miyarsa sing nonton langsung neng GBK, utawa ndelok siaran tv mbok menawa ora pati krasa. Nanging, yen nonton upacara pambuka Asian Games 2018 streamingan mesti paham (yen nonton kolom komentar).

Pada-pada wong saknegara, nanging udur-uduran. Sing sisih kana muni kampret, sing sijine muni cebong! Kana muni dua periode, sing kene, iya ora kudu ganti presiden!

Kabeh kuwi ora salah, tapi ya kurang pener. Ora empan papan.

Pancen bener Indonesia nyedaki pilpres. Calone ya wis cemepak, nanging, apa kudu saben acara digunakake kanggo kampanye? Kanggo ngunggul-unggulke jagone dewe?

Helaw...Mbok uwis mandeg dhisik. Mbok nuladha Korea, sing bengi kuwi madeg sisihan lan nyekel bendera unifikasi. Perdana Menteri Korea Kidul Lee Nak-yok gegandhengan karo wakil pemimpin Korea Lor RI Ryong Nam.

Padahal puluhan taun negara iki ora isa rujuk amerga perang beda paham kawit taun 1950-1953 kepungkur.

Wiwit kuwi, Korea Lor lan Kidul ora tau sarujuk siji lan sijine. Urung ana prejanjen damai, istilahe Perang Dingin. Incim-inciman, sing sisih Lor ngincim nganggo senjata nuklir, sisih kidul uga rak gelem kalah. Nganti wargane sing sehat kudu melu pendidikan militer, klebu bintang film drakor kae.

Mbalik maneh ing Asian Games 2018, pancen ora njur kabeh pertandingan olahraga, Korea Lor lan Korea Kidul nyawiji. Mung telung olahraga kayata cabang basket putri, perahu naga lan dayung ing perangan kelas.

Kejaba kuwi, dadi siji ing Asian Games ora njur ndadekake negara ginseng kuwi, makjegagig dadi sakpamarentahan. Isih adoh. Nanging, semangate wong-wong Korea niat kanggo nyawiji, ora memusuhan kanthi incim-inciman sing perlu diconto.  

Pancen kahanan kuwi beda karo Indonesia. Negara iki isih wutuh, ora ana perang-perangan. Mung umyek karepe dewe yen wis ngomong babagan calon presiden.

Sing kudu dieling-eling, ajang Asian Games iki pada wae karo perang campuh. Kok isa? Ya pancen, ing alaming kaya saiki atlet kuwi pada kaya dene pahlawan.

La nek saiki Indonesia lagi perang, sing ora melu perang (nonton) kok mung padu karepe dewe, la njur piye? Mbok uwis leren sik. Mengko nek wis wayahe, netizen bisa udur-uduran bab politik meneh, kanthi wadah sing pas.

Apa pancen kudu ngono, dumeh jagading internet sing ora ketok rai, netizen bebas nyelathu siji lan sijine?






Komentar

Postingan Populer